Home » , , » Junggring Salaka Dingklik Saoto: Kesetaraan dalam Kemanusiaan (Surat #5 Ki Ageng Suryamentaram dalam Buku Langgar)

Junggring Salaka Dingklik Saoto: Kesetaraan dalam Kemanusiaan (Surat #5 Ki Ageng Suryamentaram dalam Buku Langgar)

Diceritakan oleh Tricahyo Abadi pada Wednesday, March 20, 2013 | 12:06 PM

JUNGGRING SALAKA DHINGKLIK SAOTO

ING JUNGGRING SALAKA
punika kayanganipun para dewa, ingkang maha mulya.

Manungsa
ingkang gadah paningal-ing dewa,
temtu lajeng kasendhal mayang dening sang hyang Jagad Nata.
Sanajan tiyang wau dados bajingan, lajeng kadadosaken dewa.
tiyang ingkang saged angsal paningal-ing dewa punika
tiyang sampun luwar saking cilaka
(sanajan tiyang wau dados bajingan).

Mangka lajeng kataman ing Sih dateng sadaya manungsa.
Saking sreng-ing brata sumeja damel begja
dhateng satunggaling mitra,
kapinujen saking rungkuting margi.

Ananging SANG SIH wau boten saya suda,
malah saya ngredha, kados dene
biyung anggenipun ngulataken anakipun ingkang taksih bayi pinuju sakit.

Sabaripun kados kucing luwe
ingkang nenggani tikus mungap-mungap wonten ngeleng

Malah sumbar mekaten:
sanajan bumi iki tangkep karo langit, isih takenteni begjamu.

Kados Burisrawa ngentosi Sembadra,
sampung ingkang nama randha,
sanajan bathangipun meksa dipun pupu.

SRUNING SIH ingkang mekaten wau
damel melek paningal-ing dewa.

Wasana sumerep yen sadaya tiyang punika rumaos leres.

SAMBETIPUN wadining wadi, tangan kula gemeter, kangge nyerat sambetipun.

BADHE NGAWITI gumeter malih,
rumaos leres punika makutaninipun Batara Wisnu.

Dereng sakeca jebul kedah ngoko
(rumaos bener IKU MAKOTA-KU)
Aku ora tau kleru.

"Awas urat sampeyan maos ukara ing inggil punika."
Sampun ngantos kados Arjuna nalika melek,
wong sajagad iki nek ora tak tunggoni sakedhap netra bae lebur,
mulane padha jogedan ana pangkonku.
Padha bungah-bungah amarga kasorotan cahyaning makota-ku.

Pramila tiyang nalika rumaos klentu, bingung.
Jampinipun namung sabda makaten:
Ora ana jing bakal ngukum menyang kowe,
janji kowe pindho,
kon ping telu slamet.

DAMPAR-ING BATARA WISNU,
kawruh nyata (boten jare-jarene, boten patute).

Mila tiyang ingkang saged lenggah ing dampar-ing kawruh
ngrasuk "makuta rumaos leres,"
Kelonan kaliyan para Widadari, dipun ayap para dewa.

Batara Kala namung andheku, nyadong dhawuh.
Pangudasmaranipun Batara Kala makaten:
"Nek aku dihawuhi sing lagi kelonan iki angrusak jagad,
ora nganti samenit pasti lebur."

Dhingklik Saoto (Foto: Manusia Bebas)

MILA,
tiyang ingkang rumaos leres sarana kawruh jarene utawa patute, punika kados Petruk dados ratu.

JEBUL damparipun DHINGKLIK SAOTO, pincang, yen dipun ladosi duren pilih ponggenipun.
Yen mireng kawruh ingkang boten cocog kaliyan kawruhipun piyambak, dhingklik saoto lajeng hoyag,
wasana angglimpang ngrebahi deg-degan,
lajeng babak bundhas, medal rahipun, matak aji.

Makotanipun rumaos leres dipun tetep-tetepaken sarana moyok-moyoki kawruhipun liyan,
malah dawah wonten ing peceren nyepatani.

TIYANG
ingkang sampun sarira Batara Wisnu punika,
yen kepethuk tiyang rumaos leres,"
(SABEN TIYANG MESTI MAKATEN),
Sabab sumerep layangan-ipun piyambak, sanajan pating paletot.

Ingkang murugaken pating paletot wau dhingklik saoto, kawruh jarene, patute.

RUMAOS LERES punika,
yen dipun ucapaken utawi dipun serat,
temtu kirang candra langkung warna.
Awit saking gaibipun,
sampun ingkang pacakan manugsa,
sanajan malaikat Mukarabin boten sumerep.

Pramila tiyang ingkang ngogek-ogek dhateng tiyang sanes,
ingkang supados rumaos klentu boten mawi sajen Dewi Sinta, SIH, ingkang sampurna.
Temtu kuwalat,
dhawah ing nagari Ngalengka, bingung utawi ajrih kempal manungsa
saya lami ingkang dipun poyoki saya mindhak,
saben tiyang dipun ken manut dhateng piyambakipun,
ananging yen dipun nut malah saya bingung.

KOSOK WANGSULIPUN,
yen jumeneng Batara Rama,
ngrasuk makuta RUMAOS LERES,
lenggah dhampar KAWRUH NYATA,
anggandheng DEWI SINTA welas asih,
temtu ingkang dipun ajeni, dipun asihi saya ngredha,
saingga sumerep
tiyang wonten ing sak-intiping naraka TANSAH RUMAOS LERES.

nirtiti
wg suryamentaram

Keterangan:
Dhingklik saoto: kursi pendek yang biasa dipakai duduk penjual soto panggul keliling
Jika menurut Anda bermanfaat, silakan berbagi tulisan ini ke teman Anda dengan tombol Google+, Twitter, atau Facebook di bawah ini.
Comments
0 Comments
0 Comments

Berikan Komentar

Post a Comment

Translate This Page into