Home » , » Surat ke-9 Buku Langgar Ki Ageng Suryamentaram

Surat ke-9 Buku Langgar Ki Ageng Suryamentaram

Diceritakan oleh Tricahyo Abadi pada Friday, January 31, 2014 | 9:57 PM

SERAT DATENG R.M. PRAWIRAWIWARA


Sawise salam taklimku,
wiyose aku rumangsa kapotangan karo paman Ajar Dewantara,
nalika aku anggubah kagungan dalem UNIPERSITIT.

Dek semana aku saguh maringake kagungan dalem pusaka Kyai Pulanggeni.
Cara padukunan aku mung mratelakake sarate bae,
yen paman Ajar kersa nindakake sarat mau,
Kyai Pulanggeni mesti banjur kaparingake,
sarta banjur daup karo Dewi Supraba,
lan banjur jumeneng SEMARABUMI,



sarate paman Ajar kudu tapa anak sajroning guwa kang werit tur samun.

Dene jenenge guwa mau:
Aku becik (aku ora tau kleru), aku ora bisa kleru,
aku ora tau ala, aku ora bisa ala,
jing kanda aku, seksine aku,
jing ngrasakake aku, semantanane aku

mula guwa mau werit jalaran ana sing bahureksa, yaitu:
  1. BLEDEG SIH jing njaluk digugu
  2. KALAMENTEL SIH jing njaluk disihi
Mula nek paman Ajar ana ing guwa,
mangka ana tatit,
kudu banjur tengajut mangkene:
kowe ki nek ora tak gugu rak muring-muring ta,
aku (aku adatan) iki nek ora kok gugu muring ta.

Banjur kudu mentng langkap Kyai Pasopati ......
wis njengkelitan glek digugu, utawa sag-sag-sagan golek anggugu....
yen patitis mesti badar

Kyai.... aggugu sak karepmu....tumancep ing dadane BLEDEG GUGU.
Ing kono Bledeg mesti badar dadi BATARA BAYU.

Dewa mau banjur nyembah sarta matur:
kula punika dewaning sadaya kekiyatan,
yen wonten perlu pauka anjejak siti kaping tiga,
kula tentu lajeng dateng. Banjur musna.

Sak musnane Batara Bayu,
mesti antuk kanikmatan jing ora kena tinulis (ora kena ditulisi).

Mungguh diucapna pangrasane mangkene:
saklumahing bumi sak kurebing langit wis ora ana jing ngalahake aku.
KALAMENTEL iku tekane kaya putri ngemban boch nangis,
putri mau duwe entup sambat aneng cangkem,
jing ampuhe kagila-gila,
jing gunung watu dientup pasti longsor.
Mula manungsa yen kena dientup, abuh welasan nyaksenan alias koden.
(Kanjeng Panembahan Senapati aneng segara kidul).

Tawaring entup sambat iku,
putri mau kudu dipondong dilela-lela.
Karep sira puniku,
yen kalakon pasti banjur mulur,
ngambra-ambra tan ana mareme satitik.
Nora ana labetipun beja jing karep kalakon.



Kalamentel mesti badar dadi BATARA KAMAJAYA
SIH mardika:
banjur nembah sarta nyaosake KYAI PULANGGENI, gugu karepe dewe.
Batara Narada mesti tumurun ngirit panganten DEWI SUPRABA, aku seneng
ingayap para WIDADARI, kula anderek seneng,
nunut seneng, nempil seneng.

KAWUNINGANIPUN paman AJAR,
kanca sekolah tunggal sak kelas, mongsa boronga.

 Aku kelingan dek paman Ajar isih sekolah
sok bengkat barang.
Bas-basan
Bas-basan (Foto: Epul Japanese Blog)
Mungsuhe nabi Kilir Kanjeng Sultan Agung, Kanjeng Sunan Kali,
nek lud-ludan pei karo BATARA NARADA lan SIDARTA KAPILAWASTU
jing sok ngloco PITAGORAS utawa PLATO.
Nek bas-basan janji karo PRABU JAYABAYA. Betah sawengi
Nek mul-mulan  adate mungsuhe LAOSE dibut loro karo KONGHUCHU
Jing tukang mungsuhake ARISTOTELES, karo KANT.

nirtiti,
wg. suryamentaram
Jika menurut Anda bermanfaat, silakan berbagi tulisan ini ke teman Anda dengan tombol Google+, Twitter, atau Facebook di bawah ini.
Comments
0 Comments
0 Comments

Berikan Komentar

Post a Comment

Translate This Page into