Home » , , » Unipersitit: Perguruan Tinggi Kehidupan (Surat #8 Ki Ageng Suryamentaram dalam Buku Langgar)

Unipersitit: Perguruan Tinggi Kehidupan (Surat #8 Ki Ageng Suryamentaram dalam Buku Langgar)

Diceritakan oleh Tricahyo Abadi pada Friday, April 12, 2013 | 11:27 AM

UNIPERSITIT

Sanget kumepyur ing manah kula,
Nalika kula wonten Ngayogya,
mireng pirslahipun,
woh-ing pangomonganipun kakang Cokrodirja,
Pertigan kaliyan kula sarta Kakang Prawirawiwara.

Perslahipun nalika kakang byar-byaran sekawanan kaliyan Kyai Ajar Dewantara.
Murugaken dateng manah kula kados tinebak sima lepat,
Wewah-wewah nalika kula saweg ngantuk
Lajeng dipun bopong dateng kyai Ajar Dewantara.

Dipun bekta dateng Surakarta,
kangge ngajrih-ajrihi Kyai Lurang Kangmas Dipati Mangkunagaran.

ngantos pitung pamdurat kula boten saged gineman,
inmgkang makaten wau sadaya
Menawi kalajeng-lajeng bo menawi saged damel boten sakecane lampah.

Mila makaten
awit kakang Cakradirja saha paman Ajar boten mangertos
dateng kawontenaning kagungan dalem Unipersisit,
ingkang nembe dipun dak-aken saking junggring salaka
dening para dewa.

Katindhihan dening kyai lurah dimas Batara Narada,
Dipun dak-aken wonting sawijining papan lan jaman,

Batara Narada (Foto: Pitoyo.com)
Mila cawe-cawe badhe mratelakkae dateng kakang
Bab kawontenanipun kagungan dalem Unipersitit,

Awit kula ingkang tinanggenah dening Dimas Lurah Batara Narada.
Kinen ambahureksa kagungan dalem wau.

Kagungan-dalem Unipersitit wau isi pamulangan tigang perangan;
  1. Kagungan (kuasa)
  2. Kawruh Kasampurnan (wetenschap of wijsbegeerte)
  3. Agami (religi)
SEKOLAHAN KAGUNGAN-DALEM wau,
Perlu kangge nyumerepi KEBAGUSAN-ipun piyambak.
(Eigen Schoonheid te bewonderen)

Sanginggiling konten wonten plang-ipun mungel makaten:
“ora ana jing bagus ngungkuli aku.”
Sinten-sintena ingkang saged maos plang punika kenging sekolah.

Nginggil kori sisihipun wonten seratan makaten:
“Aku Sang Bagus Pribadi.”
Para murid ingkang saged maos plang punika sampun putus,
Kenging medal saking sekolahan lajeng angsal diploma ungelipun makaten:
“urip iku langgenge seneng ora bisa mati lan cilaka.:
Eeuwige extase of (samadi)

SEKOLAHAN KASAMPURNAN,
Kangge ngawruhi KUWASA-nipun PIYAMHBAK.
(Eigen wijsheid te erkennen)

Ingkang bade tumut sekolah kedah mbekta sertipikat ungelipun makaten:
Ora ana jing ngluwihi kuwasaku.”

Putusing sekolah yen sampun sagen ura-ura rerepen makaten:
“aku Sang Wasis Pribadi.” (Ik ben de Wijzheid Zelf)
Lajeng dipun rangkul Ki Lurah dimas Batara Naarada.

Dipun dadosaken guru (hoogleeraar), wonten kagungan dalem UNIPERSITIT.
Dipun paring diploma ungelipun makaten:
“wong urip iku tentrem salawase, ora ana barang kang anggepok marang aku.”
(niets doet Mij aan)

SEKOLAHAN AGAMI wau,
Kangge nyumerepi PANGUWASAN-nipun PIYAMBAK.

Murid ingkang bade tumut sekolah kedah mbekta sertipikat mungel makaten:
"ora ana daya sing bisa ngalahake aku",

putus-ing sekolahan yen sampun
gedangkrang numpak NANDI SURA, nyepeng CIS TRISULA,
ingkang saged ngucap tatajalma makaten:
“Aku kang maha kuwasa pribadi.”

Lajeng dipun sandal mayang dening Kyai Lurah Dimas Sang Hyang Jagad Nata,
Kangge jangkep-ing dewa tigang dasa.

Lajeng dipun paringi ketu kadewatan mawi leter makaten:
“wong iku sakarep-karepe bisa, tur kena, ora na kang ngalang-alangi.”

Ing nginggil punika
Ringkesan-ing kawontenan kagungan dalem Unipersistit.
Temtunipun inggih dereng damang kangge saderek ingkang dereng ate sumerep kagungan dalem Unipersitit wau.

Sanajan makaten
Sok ugi wawasanipun (verhouding) kakang Cokrodirja sarta paman Ajar
Sak Taman Siswanipun boten sulaya,

Dene kawuninganipun dateng paman AJAR
Sedaya ing nginggil wau, kula pitados kakang,
Supados paman Ajar mantun era-eru.
Awit kula nalika nganglang jagad,
Sumerep teja darmabrata, tejane satriya mangun tapa,
Sareng kula celaki, jebul paman Ajar piyambak,

Lajeng kula suwunaken pulanggeni dateng Kyai Lurang Dimas Batara Narada,
Sampun kepareng,
Namung weling anggenipun maringaken,
Benjing daup-ipun paman Ajar wonten ing ka-endran kaliyan Dewi Supraba.

Patih Sekipu (Foto: Pitoyo)
Sapunika Deewi Supraba saben dinten among tansah dipun lulur dening para Widadari
Mugi Praman Ajar sregepa lulur,
Sampun ngantos kuciwa kawon mancorong jaliyan pacanganipun

Dene ingkang bade anderekaken pangenten samenikanipun saweg kula jodi,
Supados gadah sikut pethel, otot kawat balung wesi, driji gunting.

Awis sapunika Pabu Pracona inggih nglamar Dewi Supraba,
Malah sapunika ngadang margi ingkang dateng kaendran,
Begta andel-ipun ditya sekipu.

Rayinta,
Abdi dalem juru kunci kagungan dalem UNIPERSITIT,
Ngrangkep tukang banyu ngiras nganggur



Daftar Istilah
 
Perslah : uraian atau keterangan tentang peristiwa (hal, perkara, rapat, dsb.), laporan
Pamdurat : sekejap mata, sesaat,
Katindhihan: Dimantabkan, disahkan, dikukuhkan, didaulat
Bahureksa : menjaga untuk mengurusi, menguasai, memelihara, dan melindungi
Kagunan : keindahan, mahakarya hasil cipta
kunst  : seni, kesenian
wetenschap : sains, ilmu pengetahuan
wijsbegeerte : filsafat
Eigen Schoonheid te bewonderen : keindahan diri untuk dikagumi
Euwige extase   : Ekstase abadi
Eigen wijsheid te erkennen   : Mengenali kebijaksanaan diri
Ik ben de Wijzheid Zelf : Akulah Kebijaksanaan
niets doet Mij aan: Tidak ada siapapun yang melakukan sesuatu pada diriku
verhouding: rasio
rerep, lereb: tidur, istirahat, sepi, tenang, sunyi, silence, quiet
tatajalma: berbicara bahasa manusia
era-eru: geger, heboh, ramai
tatajalma: berbicara bahasa manusia
Sang Hyang Jagad Nata: Batara Guru

Jika menurut Anda bermanfaat, silakan berbagi tulisan ini ke teman Anda dengan tombol Google+, Twitter, atau Facebook di bawah ini.
Comments
0 Comments
0 Comments

Berikan Komentar

Post a Comment

Translate This Page into